+ Pendidikanmu opo?
– Hukum Pak.
+ wah ora bisa ditompo ning kene.
– Alasanipun Pak?
+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
– tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
+ Tambah ora ketompo?
– Lho kok ngaten pak?
+ Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae…..
+ Kowe nduwe omah opo ora?
– Dereng….
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
– Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
– Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun
sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
– Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong
ae.
+ Kowe nduwe motor opo ora?
– Mboten.
+ Ora ketompo.
– Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
– Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke
kulo beto ngriki.
+ Wah malah ra ketompo….
– Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup.
+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
– Sampun Pak….
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan
lan ben mbayare
murah.
– Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo….. .
– Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus
mesti golek kerjo
neng perusahaan liyo.
+ Kowe seneng guyon opo ora?
– Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo…..
– Waa… Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
– Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
– Lho kok……
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
+ Kowe mau mrene numpak opo?
– Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar
terus.
– Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
+ Anakmu akeh opo sithik?
– Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
– Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
– Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
– Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?
+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
– Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
– Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok..
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
+ Kowe kerep loro?
– Mboten.
+ Kowe ora ketompo..
– Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
– Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
+ Kowe biso main internet?
– mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
– Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing buta internet.
– Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
– Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet,
to???
+ Kowe waras opo ora?
– Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
– Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
– Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
– Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
– WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!
– EEEDUUUUUAAAANANNNN N TUUUUEEENANANNNNNN !!!!
****just for fun shabat2 smuaaa…. ^_^******